BUDAYA

Senin, 22 Maret 2010

Karma Pala

Oleh Haryono X*)
Karma pala punika saking tembung Karma lan Pala….. Karma: Jawanipun Penggawe\Cipto\Menyipta, ... dene Pala: werdinipun : Uwoh ..... Dados Karma Pala punika tegesipun; Uwohing Penggawe.Langkung jelasipun mekaten : Sing sopo nandur bakal ngundhuh, dene pangundhuhe, gumantung marang opo kang ditandur, yaiku kautaman opo angkara murka. Saklajangipun dipun sebataken , sing supu nandur jagung ora bakal ngundhuh kacang,....
Semanten ugi , sing sopo nandur kacang tangeh badhe panen pari , lan sak piturutipun.Menopo ingkang katur ing nggil kolowau , namung minangka pralampito dunatheng kito sakdoyo , supados kito tansah anengenaken tindak kautaman , soho nebihi sedoyo tindak kadurakan ....
Kejawi meniko , kito kedah tansah emut , bilih Pangeran meniko kejawi asipat Moho welas dalah Moho asih , ugi kagungan sipat Moho Adil... Inggih sipat adiling Pangeran kolo wau ingkang mboten saget sinonggo entheng .... Sedoyo tumindak mesti wonten pikolehipun .
Tumindak kautamen mesti badhe dhatengaken kesaenan. Suwalikipun , tumindak tadurakan mesthi badhe pikantuk bebendu saking Pangeran. Dados cethanipun , menungso meniko namung NGUNDHUH WOHING PANGGAWE , NGRASUK WOHING PAKARTI SING MAPAN WIS TINANDUR SAKDURUNGE.....”Petruk . !!!!”. Nggih.nggih.!” Rungokno . !!!”. ngestokaken dhawuh Panembahan.” olehku nuturi nreweteh nganti koyo suarane bethet sewu andung memangsan kok malah gojek , jowal-jawil karo pesindhen ...... wedhuski.!!!”.....Ingkang ngundhuh wohing panggawe meniko , kadhang-kadhang mboten namung ingkang anindakaken pakarti kemawon , .... ananging saget ugi anak putu kito ugi ndherek ngraosaken uwohing penggawe ingkang kito tindakaken....Wonten piayi agung ingkang badhe ngemah-ngemahaken putra nipun putri , hananging sareng mangertos bilih calon mantunipun ingkang nami : Bagong Ngompol , menika putranipun pakde Kolor Debog ingkang sampun kawentar asmanipun minongko Lurah maling , pemerkosa , tukang ngapusi , mabok-mabokan , lan sak panunggalanipun... , piayi agung ingkang badhe ngemban darmaning tiyang sepuh , ngemah-emahaken putra nipun kolo wau , inggih lajeng mikir-mikir , ....
Sasampunipun putra nipun saget nampi kawontenan, .... Sesam betannipun kalian denmas Bagong Ngompol kolo wau , lajeng dipun batalaken... Denmas Bagong Ngompol ngantos rumaos susah sanget ngraosaken nasibipun , ingkang wusananipun namung tansah kangge sirikaning masyarakat, amargi pakartining bopo.Menawi uwohing pakarti ingkang sae dipun raosaken ugi deneng anak putu, .... Kito sadoyo bersyukur soho ngraosaken marem raosing manah kito minongko tiang sepuh.... Hananging menawi uwohing pakarkarti ingkang awon meniko ugi dipun rasoaken dene anak putu, ... ” Kang Gareng.!!” opo petruk. ” koe ki yo wis tau ngerti sing jenenge Intiping neraka. ??? .” uwis . sing sok digoreng kae to.” lho .! kae rak intip sego sing diliwet.!!! Goblog !! dhasar ora tau mangan sekolahan !!”Sampun sak mestinipun menawi idham-idham anipun tiyang sepuh meniko sageto anungkuli soho amenangi katen treman soho kebegjaning anak putu , ....
Kok malah damel duroko datheng anak putu kados pepundhen kulo pakdhe Kolor debog alias Ki Jagal Dhemit...” Oooo Pakdhe Kolor Debog , menungso opo koe kui !!!!!. Wis dhek lahire ora ketunggon bapak ibune, soale ndhisik wong tuwane lagi podho munggah kaji , .... kok malah saiki anak putumu podho melu ngrasakanke tumindakmu sing nistho lan ngisin-isini.!Pramilo monggo kito sami tansah mersudi dalah ngathah-ngathahaken tumindak kaotaman... Damel kesaenan meniko mboten kedah mawi ngedalaken wragat utawi probeyo..... Kejawi kedah jujur. Remen tetulong , pocapan ingkang sae , ulat ingkang sumeh , srawung ingkang sumanak lan tindak-tanduk ingkang saget mranani penggalihipun sanak padang dalah pamong mitro meniko sampun saget kawastanan Pedamelan utawi tumindak sae ingkang mboten perlu cucul wragat babar pisan.Sampun dados paugeran , menawi tumindak ingkang sae menika badhe ngasilanken kesaenan , lan sualikipun... Ananging kadhang-kadhang kito sampun nindhakaken kesaenan , nanging hasilipun malah awon....
Wonten ing kawontenan meniko , kito kedah pitados bilih hasil ingkang awon saking pakaryan ingkang sae kolowau sakjatosipun sanes hasilipun ingkang sakestu , hanangin mujudaken pacoben saking Pangeran dhumateng kito ,.... Menawi kito nindakaken kesaenan , utawi malah lajeng nindakaken samukawis ingkang awon... Mesthinipun kito kedah tetep nindak aken pakarian-pakarian ingkang sae ,... Awit nindakaken kesaenan meniko kejawi kalebet ewohing ibadah dumateng Pangeran Ingkang Akario Jagat , ugi mujudaken takwa kito dumateng Gusti Ingkang Moho Agung...Pramilo ,... monggo... kito sami mersudi , supados tansah saget nindakaken pakaryan-parkayan ingkang sae , ingkang wusananipun kito sadoyo kalebet golonganing tiang-tiang ingkang dipun tresnani deneng Hyang Manon ..... Amin Amin Yarobal Alamin...

*)Penulis adalah Budayawan
Kota Salatiga

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
template : HB  |    by : boedy's